RINGKASAN ADEGING KALURAHAN GADING 02 JUNI 1912
Amgozali 01 Juni 2021 23:00:29 WIB
Sejarah
KALURAHAN GADING
Pengarah : H, Sukirman
Penulis : Wastoyo, ST
Editor : Ahmad Mahput Gozali, STh,I,
Penghimpun Data : Sumbodo
Exsan Triyono, S.Far
Di Terbitkan Oleh
Pemerintah Kalurahan Gading, Kapanewon Playen, Kabupaten Gunungkidul D.I Yogyakarta
Ringkesan Buku
ISEN-ISENING BUKU
Buku Sejarah Kalurahan Gading kaserat wonten tigang Bab injeh puniko :
BAB I. GEGAMBARANING KALURAHAN GADING
Ngewrat babagan kawontenan-kawontenan ing Kalurahan Gading, ing antawisipun :
Kawontenan Alam Saha Pasiten;
Wewengkon Padhukuhan;
Kawontenan Warga;
Pamong Kalurahan Lan Lembaga Kalurahan;
Tata Cara Lan Budaya;
Olah Seni ugi Dolanan Bocah;
Tata Basa ugi Aksara;
Dhedhaharan Khas;
Warisan Budaya Saha Arsitektur;
BAB II. DUMADINE KALURAHAN GADING
Ngewrat babagan Cariyos-cariyos Babad sakderengipun wonten prenatan tata peprentahan, ing antawisipun :
Dumadine Dhusun Gading
Jumbuh kaliyan carios ingkang wonten, bilih ingkang cikal bakal dumadosipun dhusun Gading inggih punika kados ingkang kaserat wonten kitabipun para leluhur ingkang kabikak saha kawaos setunggal warsa sepindah, saben saben wanci bersih dhusun. Wondene ingkang Cikal Bakal inggih punika Eyang Gading, mila lajeng papanipun kawastanan utawi kasebat Gading.
Kalurahan Gading wonten ing jaman rumiyin watawis warsa 1600 Masei, taksih arupi wana ingkang gung liwang liwung, dereng wonten panggesangan.
Sinaosa wujudipun taksih wana, Gading kalebet papan ingkang banar lan sitinipun loh utawi subur, ingkang cocok kangge olah tetanen. Pramila ingkang saking punika, Nyai Gading lan Ki Gading, saha keng putra inggeh punika Ki Brungkat Jati, ugi kalebet salah setunggaling punggawa ing Praja Mojopahit. Anggenipun lumampah nderek Prabu Brawijaya rikala surutipun, ngantos dumugi pesisir kidul ing laladan Gunungsewu, lajeng nerasaken lampah tindak mengaler pados papan dunung ingkang saget kangge ngungsi. Inggeh punika papan ingkang banar, papan ingkag subur, papan ingkang saget dipun tanemi sedaya tanem tuwuh kangge panggesangan wonten ing papan pengungsen.
Ki Gading lan Ki Brungkat Jati, kalebet tiyang engkang kagungan keluwihan, tiyang ingkan pinunjul, mila kanthi angginaaken daya kekiyatan lahir saha batos, tiyang kekalih punika lajeng matek aji kebatosan, mboten ngantos dangu saget rampit anggenipun babad alas, bebasasan kanthi sak kedheping netro, sahenggo dados dhusun ingkang saget kangge papan dunung saha olah tetanen. Papan punika lajeng dipun paringi tetenger jumbuh kaliyan ingkang cikal bakal inggeh punika Dhusun Gading.
Urut-urutaning turun ingkang cikal bakal Kalurahan Gading, kaserat rikala suryo kaping enem, wulan Besar, ing Warsa 1892 M. kaserat rikala turun ingkang kaping 16.
Inggih punika :
1. |
Eyang Gading |
10. |
Eyang Noro |
2. |
Eyang Brungkat Jati |
11. |
Eyang DiroToko |
3. |
Eyang Wureng Jati |
12. |
Eyang Nolo Dipo |
4. |
Eyang Sekar |
13. |
Eyang Jolo Toko |
5. |
Eyang Kerti |
14. |
Eyang Reso Dipo |
6. |
Eyang Wiro Doso |
15. |
Eyang Reso Menggolo |
7. |
Eyang Niti |
16. |
Eyang Woso Kariyo |
8. |
Eyang Nolo |
17. |
Eyang Karto Dinomo |
9. |
Eyang Niti |
18. |
Eyang Ratno Wiyadi |
|
|
|
(sakmeniko taksih sugeng) |
Dumadine Dhusun Wero
Ingakang kasebat dhusun Wero inggeh punika, setunggaling dhusun ingkang mlebet ing wewengkon Kalurahan Gading. Dhusun Wero mujudaken salah setunggaling dhusun ingkang dumadosipun langkung rumiyin, sak sanesipun dhusun Gading piyamabak. Mila lajeng kawastanan dumadosipun Kalurahan Gading kawiwitan saking dhusun Gading lan dhusun Wero.
Dhusun Wero sakderengipun wonten panggesangan ugi taksih awujud wana ingkang gung liwang liwung. Wero papanipun wonten sak kidulipun lepen Oyo, ugi kaleres sak kidulipun dhusun Ngalang ing sak leripun lepen oyo. Dumadosipun dhusun Wero kaliyan Ngalang mila lajeng wonten gegayutanipun carios rikala taksih arupi wana, dereng wonten tiyang ingkang mapan utawi dumunung ing papan kasebat.
Rikala semanten Eyang Gading dhawuh dhumateng keng putra ki Brungkat Jati supados manggihi rencang sinoro wedi nunggil guru, ngkang sami-sami ugi pinangka penderek Prabu Brawijaya rikala ngemboro pados papan padunungan kangge ngungsi, karana rumiyin pisah wonten ing naliko mlampah sesarengan. Ing sedya supados ngaruhaken wartos kados pundi kawontenanipun, sak sampunipun pisah wonten ing tengahing lampah rikala semanten.
Sampun cetha lan terwaca anggenipun nampi dhawuh ingkang bapa, mila Ki Brungkat Jati lajeng minto pamit kaliyan nganthi ingkeng putra inggeh punika Ki Wureng Jati, ingkang nembe ngancik dewoso. Lampahipun Ki Brungkat Jati lan putranipun Ki Wureng Jati nrajang sak tengahing wana ingkang taksih gong liwang liwung bebasan jalma moro jalma mati, karana wana ingkang taksih wingit, dereng kajamah dening jalma menungsa, wontenipun namung para lelembut jim setan priprayangan, ingkang sak punika kasebat alas Bunder. Mila anggenipun lumampah kathah gangguan saha godha-magodha ing sak laminipun lelampahan punika. Ki Wureng Jati ngantos ajrih lajeng ngajak dhumateng ingkang bapanipun supados kendel langkung rumiyin, sinaosa piyambakipun ugi kalebet tiyang ingkang linangkung. Ki Brungkat Jati lajeng sak tengahing lampah maringi piandel dhumateng putranipun supados mboten ajrih dhumateng panggodanipun para lelembut. Wanter dhawuhipun Eyang Gading rikala semanten, mila lampahipun kekalih mboten kendel-kendel sak derengipun pinanggeh kaliyan setunggaleng jalma menungsa.
Sak sampunipun dumugi setunggaling papan ingkang banar saha bawero, mboten tebih kaliayan lepen, Ki Wureng jati mireng suwantening tiyang, mila lajeng matur kaliyan ingkang bapa supados kendel anggenipun lumampah. Saksampunipun kendel anggenipun lumampah, kekalih-kalihipun lajeng noleh mangiwo, sak leripun lepen kanyoto wonten setunggaling tetiyang ingkang yuswanipun sami kaliyan Eyang Gading, ing batos mbok bilih punika tetiyang ingkang badhe dipun padosi. Tiyang ingkang wonten sak leripun lepen punika ngawe-awe saking katebihan tiyang kekalih, Ki Brungkat Jati lan Ki Wureng Jati lajeng daya-daya badhe nyaketi tetiyang ingkan ngawe-awe puniko, namung sak derengipun lumampah,tiyang kekalih saget mirsani ing sak kidul lepen Oya puniko wonten setunggaling papan ingkang ketingal banar soho bawero, pramila rikolo semanten papan ingkang kangge kendel Ki Brungkat Jati lan Ki Wureng ati dipun paringi sesebatan utawi tetenger Dhusun Wero . Ki brungkat Jati lajeng paring dhawuh dhumateng putranipun Ki Wureng jati, bilih papan ingkang kasebat Wero punika, supados mbabad alas kangge papan dunung pados panggesangan para putra wayah, karana sitinipun banar, bawero sarto loh, ingkang sae kangge tanem tuwuh. Ing pangajab para putra wayah saget pinangeh tata titi tentrem gemah ripah loh jinawi benjang saksampunipun dados dhusun ingkang ageng inggeh punika kasebat Dhusun Wero.
Dumadine Dhusun Dawung
Dumadinipun dhusun Dawung dados setunggal carios, utawi dados peranganing carios lelampahan naliko babad Nangka Dhoyong. Carios kawiwitan saking naliko para punggawa ing tlatah Gunungsewu ngawontenaken parepatan ageng wonten ing Sumingkar, ingkang rikala semanten pikantuk dhawuh saking sang nata ing Ngayogyakarta Hadinengrat, inggeh punika Sultan Hamengku Buwana I, ingkang supados babad alas Nangka Dhoyong pinangka pusering pepretahan ing Gunungsewu. Sinaosa sekawit mila sampun mapan wonten ing Sumingkar, karana miturut petangan jawi papan punika kirang pas saha kirang trep, mila Kanjeng Sultan Lajeng Dhawuh dhumateng Adipati Wironagoro supados nglempakaken para punggawa ing wewengkon kadipaten Gunungsewu.
Rikala wonten ing parepatan ageng Rangga Puspo Wilogo, pasuryanipun ketingal duko, abrit karnanipun deneo Damar ingkang kaanggep demang ingkang nembe wingi sonten kok saget-sagetipun hanyagahi jejibahan babad alas Nangka Dhoyong. Sinaosa rikala dipun tarosaken dhumateng sedaya para punggawa mboten wonten ingkang sagah, kalebet Rangga Puspowilogo, namung Demang Damar piyambak ingkang mratelaaken nyagahi jejibahan ingkang awrat punika.
Saksampunipun gembleng tekatipun badhe babat alas Nangka Doyong, Demang Damar sak penderekipun daya-daya nglajengaken lampah sedya kondur tumuju dhumateng tlatah Piyaman. Wonten tengahing margi Demang Damar kendel, ing batos menggalih bilih menawi anggenipun dindak punika nglangkungi margi ingkang padatan, kuwatos bilih badhe dipun jegat kaliyan Rangga Puspowilogo, ingkang mboten trimah menawi Demang Damar hanyagahi wontenipun dhawuh supados babat alas Nangka Dhoyong ingkang sak kalangkung wingit.
. Mila konduripun Demang Damar lajeng nyidat margi kanthi menggok mengiwo. Wonten ing sak tengahing anggenipun lumampah, pinanggeh setunggaling uwit ingkang ageng, inggeh punika ingkeng kawestanan uwit Kedhawung. Demang Damar lajeng ngendiko bilih benjang dumugi rejaning jaman, papan punika dipun paringi sesebatan dhusun Dawung. Wiwit wontenipun ewah-ewahan prenatan ingkang lumampah, dhusun Dawung lajeng kasebat Padhukuhan Gading III lan Padhukuhan Gading IV. Sinaosa ingkang mekaten, ngantos sakpunika ugi taksih wonten ingkang nyebat dhusun Dawung.
Dumadine Sendhang Beji Lan Sendang Moleh
Ingkang dipun wastani sendhang Beji inggih punika sendhang ingkang mapanipun wonten ing Dhusun Beji ingkang sakpunika kalebet wewengkon Padhukuhan Gading VII, wondene sendhang Moleh dumunungipun wonten ing dhusun Dawung ingkang sakpunika kalebet wewengkon Gading IV. Sendhang kekalih punika dumadinipun sesarengan utawi dipun wastani nunggil cariosipun.
Carios dumadinipun sendhang Beji lan sendhang Moleh kawiwitan saking Kalurahan Jepitu ing wewengkon Kapanewon Tepus. Ing rikala semanten wonten setunggaling keluarga ingkang panggesanganipun rekaos utawi keluarga ingkang kesrakat, naminipun Kyai lan Nyai Goa Soka, punika bapa biyungipun putra kakung ingkang naminipun kyai Guru Soka lan putrinipun ingkang nami Nyai Andan Sari.
Ringkesing carios bilih Kyai Goa Soka anggenipun nglampahi tapa brata ngantos setunggal warsa langkung laminipun, lajeng pikanktuk sasmito goib arupi wangsit, bilih Kyai Goa Soka lajeng ndhawuhi putra kekalihipun supados jajah desa milangkori ngetang cacahing sendhang, lajeng putra kekalih kedah mapan dunung wontening petangan cacah ingkang kantun piyambak. Inggeh wiwit punika kluarga Kyai Goa Soka lajeng mboten saget kasat mripat maleh, saenggo saget dipun wastani mukswo.
Putra kekalih Kyai Guru Soka kaliyan Nyai Andan Sari ingkeng ugi sampun mboten saget kasat mripat malih wau lajeng nindakaken dhawuhipun, ngetang cacah sendhang wontening tlatah Gunungkidul kanyata cacahipun sedaya wonten tigang dasa setunggal (kabeh telung puluh siji), kanthi punika Kyai Guru Soka lajeng maringi sesebatan papan sendhang sak kanan kerengipun kasebat Beji (behji), lan badhe mapan dunung sak laminipun wonten papan punika. Saklajengipun Nyai Andan Sari pamit kaliyan sederekipun Kyai Guru Soka, bilih badhe kondur (muleh) dhumateng papan dunung ingkang kados dipun dhawuhaken kaliyan bapanipun, inggeh punika wicalan ingkang setunggal sak derengipun wicalan ingkang kantun piyambak, lajeng papan punika dipun sebat Sendhang Moleh.
BAB III, MEKARING KALURAHAN GADING
Ngewrat babagan Prenatan Tata Peprentahan, lan para lurah saha pamong Kalurahan Gading.
Ingkang dipun wastani Dhusun sakderengipun wonten ewah-ewahan prenatan tumrap tata peprentahan rikala semanten, inggih punika ingkang kasebat Dhusun sami kaliyan Kalurahan utawi Kelurahan, supados langkung terwaca, kados ingkang ngandap punika:
- Prenatan Dhusun Sak Derengipun Kamardikan (1945)
Kawontenan saklebeting prenatan ngengingi dhusun sak derengipun kamardikan tahun 1945, saget kaperang inggeh punika :
- Sak derengipun Tahun 1912
Kawontenan ing bongso Tanah Jawi mliginipun, punapa dene sak indeng ing Nusantoro umum ipun, wonten alaming kaprihatosan lan ajrih dhumateng Pamarintah Bongso Walandi. Awit dumunungipun Bongso Walandi wonten ing Nusantoro punika mboten sanes tujuanipun namung badhe njajah dhumateng bongso kito, pramila saking punika prenatan-prenatan ingkang wonten, kirang nggatosaken tumrap kawulo alit, kepara mboten migatosaken dhumateng karaharjaning bongso lan kawulo, inggeh punika namung kangge kepentinganipun pamarintah Walandi.
Wondene kawontenaning peprentahan ing wekdal semanten kirang langung mekaten :
1). Tataran Kapanewon :
Dereng wonten Asisten Wilayah, ingkang wonten inggeh punika Demang Patuh lan Demang Jati (Demang Pengalasan).
- Demang Patuh.
Demang Patuh inggeh punika demang ingkang jejibahanipun ngurusi thek kliweripun kawulo utawi rakyat, ulu wetunipun dipun pendetaken sepalih saking hasilipun tetanen rakyat.
- Demang Jati. (Demang Pengalasan)
Inggeh punika demang ingkang jejibahanipun ngurusi thek kliweripun jati (kajeng Jati), wondene pinangka ulu wetunipun dipun pendetaken sepalih saking hasilipun kayu jati rakyat.
2). Tataran Dhusun (Kelurahan).
Kawontenan peprentahan wonten ing tataran dhusun rikala semanten dereng wonten sesebatan lurah, wontenipun Bekel, Kebantu Rabet, Cengkeng, Antek, lan sak panunggalanipun. Pinangka Bekel pikantuk garapan siti kangge tetanen, kangge kebetahan piyambak, benten kaliyan menawi kawulo alit utawi rakyat biasa kedah dipun palih hasilipun kangge Demang Patuh.
Wiwit wontenipun Rejksblad tahun 1912, dhusun-dhusun sak indenging nagari Ngayogyakarta Hadinengrat dipun wonteni sesebatan enggal inggeh punika Kalurahan. Manut prenatan enggal wau tiyang ingkang ngasta bawat peprentahan inggeh punika kasebat Lurah. Lurah ingkang kabiantu pinangka kalebet andahanipun, hanggadhahi sesebatan Pangreh Praja punika lumampah ngantos dumugi tahun 1945, wondene ingkang kalebet andahaning lurah inggeh punika :
1). Carik (1 tiyang)
2). Kamituwo (1-2 tiyang)
3). Gebayan//ulu-ulu (1 tiyang)
- Jogoboyo (1-2 tiyang)
5). Jogomirudo (1-4 tiyang)
6). Kaum (1 tiyang)
Kanthi adhedhasar prastawa wontenipun prenatan enggal rikala panguwaos ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadinengrat dening HB VII, lan RT. Weryodinengrat pinangka bupati Gunungkidul ( Ndara Riya, sesebatan wiwit Ngayogyakarta Kaperang dados tigang wewengkon, “Goenoengkidoel ingkang nyepeng siti maosan dalem sesebatan nipoen Riya.” ), punika mila dhusun Gading lajeng mawi sesebatan enggal inggeh punika Kalurahan.
Inggeh kawiwitan saking punika, pinangka wekdal Adeging Kalurahan Gading dawah wonten ing Dinten Ahad Pahing warsa 1912 M . (2 Juni 1912). Pinangka Lurah ingkang kaping sepisan, inggeh punika penjenanipun Lurah Kromo Pawiro.
Wiwit tahun 1912, (Adeging Kalurahan Gading), ngantos dumugi sak punika;
- Lurah Kromo Pawiro; 1912-1935
- Carik : ( katelah Mbah carik Thekle)
- Kamituwo : Harjo Suwito
- Gebayan : Sastro Pawiro
- Kaum : Ponco Menggolo
- Jogomirudo : Marto Pawiro
- Lurah Merto Sentono ( katelah Lurah Kanthong); 1935-1948;
- 1) Carik : ( katelah Mbah Carik Thekle)
- 2) Kamituwo : Merto Rejo/Kamdin
- 3) Gebayan : Sastro Pawiro
- 4) Kaum : Merto Wiryo
- 5) Jogomirudo : Marto Pawiro
- Lurah Legodiharjo 1948-1954; (sakderengipun nate dados carik wonten ing Kalurahan Banaran);
- 1) Bagian Sosial : Admo Ijoyo
- 2) Bagian Kemakmuran : Harjomulyo
- 3) Bagian Keamanan : Darto wiyono
- 4) Bagian Agama : Mangun Taruno
- 5) Bagian Administrasi (carik ) : Pawiro Sumarto
- Lurah Pawiro Sumarto; 1954-1957;
- 1) Bagian Administrasi (carik ) : Harjo Sumarto
- 2) Bagian Sosial : Admo Ijoyo
- 3) Bagian Kemakmuran : Harjomulyo
- 4) Bagian Keamanan : Adi Rejo
- 5) Bagian Agama : Mangun Taruno
- Lurah/ Kepala Desa Harjo Sumarto 1957-1985; Tahun 1969 dipun wonteni tata cara pilihan lurah saha pamong; Tahun 1976 gantos sesebatan Kepala Desa, Sekretaris Desa, lan kaur kaur.
- 1) Sekretaris Desa : Cokro wiharjo
- 2) Kaur Pamarentahan : Adi Rejo
- 3) Kaur Pembangunan : Harjo Setomo
- 4) Kaur Kesejahteraan Sosial : Admo Ijoyo
- 5) Kaur Agama : Mangun Taruno
- Kepala Desa Yb. Ngatiman; 1985-1993
- 1) Sekretaris Desa : Bejo Mulyono
- 2) Kaur Pamarentahan : Gunawan
- 3) Kaur Pembangunan : Supardi
- 4) Kaur Kesejahteraan Sosial : Mugiyono
- Kepala Desa Suharno 1993-2014;
- 1) Sekretaris Desa : Bejo Mulyono
- 2) Kaur Pamarentahan : Gunawan
- 3) Kaur Pembangunan : Supardi
- 4) Kaur Kesejahteraan Sosial : Sukirman
- PJ Kepala Desa Sukirman 2014-2015;
- Pj Kepala Desa Siti Rahmini 2015;
- Lurah Sukirman 2015, ngantos sakpunika wekdal (2015-2021);
- 1) Carik : HENY JULIANA SARI
- 2) Tata Laksana : EPI KUNTARYATI
- 3) Danarta : PURWOHARTONO
- 4) Pangripta : EPI KUNTARYATI
- 5) Jaga Baya : EXSAN TRIYONO
- 6) Kamituwa : AHMAD MAHPUT GOZALI
- 7) Ulu-ulu : TRI PRASETYO YULIANTO
GAMBAR FOTO PARA LURAH KALURAHAN GADING
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Statistik Kunjungan
Hari ini | |
Kemarin | |
Pengunjung |